Responsive Banner design

Selamat datang

Bantu like bos...

Arsip Blog

RESEP KELUARGA AYEM TENTREM


KEMEKELEN OLEH KU MOCO 
RESEP KELUARGA BAHAGIA ALA EMAK BERDASTER
Pak Bojo,

Cara membahagiakan istri kui mudah ...tur murah meriah...ra percoyo???monggo disimak..
1.  Tansah eling mbi gusti AllOh...
Kelingan jamane akad nikah...
Ukarane ncen singkat cuma saya terima nikah dan kawinnya ....dst... Tapi resikone pertanggungjawabane dunia akherat...
Ibadah yo sing rajin...
Ojo malah main mendem medok...inget umur...inget awak....inget anak...

2. Begitu melek mripat esuk2 tangi turu kae langsung cari istrimu..
Nek mbok wedok rung tangi...
Gugah en dengan ciuman mesra...
Tapi nek bojomu wes tangi disik njur lg no pawon masak...hampiri...peluk dari belakang dan katakan padanya "I lop yu  Yank" 

OJO MELEK MRIPAT NJENENGAN MALAH NGGOLEK I HP....

3.   Nek mbok wedok takon dino iki masak opo Mas/yah/pak...ojo dijawab TERSERAH...
Roto2 wong wedok kui uanyel nek takon njur dijawab ngono...
Masalah e kebanyakan mbok wedok iku nek tangi turu mesti sing dipikir langsung tema masakan dino iki dan itu bukan perkara mudah...
Nek mbok jawab terserah njur bacut dimasakno ra mbok pangan opo mbok paido mesti ngomele iso soko sabang sampai merauke...
Konsekwensine sesuk mesti njenengan ra dimasakno....
Malah ditinggal fb an opo nonton drama korea...

4.   Ojo sok maido duit blonjo...
Nek bojomu sambat duit blonjo wes entek pdhl lagi tengah bulan ojo nganti njenengan kemucap "lg tanggal semene kok wes entek jane mbok nggo opo to bu?" atau " wong wedok kok boros nemen"
Nek kalimat kui nganti metu..beeeuuuhh..siap2 wae perang dunia...
Mending nek njenengan ndue ndang diwei...nek ra ndue...ucapkan kalimat sakti "sing sabar yo yank, mas ngerti opo2 sak iki larang, doakan ngko mas entuk rejeki akeh yo"
Mesti bojomu langsung meneng cep njur sumende no dadamu nangisi kahanan....

5.  Nek bojomu takon " aku karo cah kae/bojone kae/artis kae ayu endi mas..."
Kudu mbok jawab "tetep ayu sliramu yank" ben o bojomu kui sing ndisik langsing njur sak iki ndut...
Tetap ayu bojomu...
Wong kui pilih2anmu...
Nek mbok jawab ayu cah kae...
Siap2 wae ko bengi turu di slediti...

6.  Nek bojomu sambat no ngomah kesel gawean ra rampung2..
Anak2 rewel...
Blonjo opo2 larang...
Rungokno wae...
Ojo mbok wangsuli nganggo ukoro sing marakke taring lan sungune metu...
Kui tandane bojomu lg suntuk level siaga 4.
Mending ndang jak en dolan numpak sepeda, njur mampir tuku bakso opo mi ayam...
nek njenengan lg bokek...
Cukup tukokno pentol ngarep sekolahan...
Lagi  ra ndue duit blass...yo wes jak en wae nangis bareng...
Ko lak bojomu malah ngguyu nyawang njenengan nangis...

7. Nek njenengan bengi njaluk "jatah" yo sing manis ojo grusa grusu koyo sapi arep manak...
Wong wedok kui nek wes kesel bengi di uthik uthik mesti angel...
Ngeweh ono mesti ora ikhlas...
Mung mergo wedi dosa dikutuk malaikat...
Akhire njenengan sing rugi nemoni bojo koyo gedebog gedang...(njur kui mbok nggo alasan selingkuh...salah sampeyan...)
Sak durunge njaluk jak ngobrol romantis disik...
Kenang jaman mbiyen naliko pacaran...
Njur pijeti mbok wedok...
Dijamin pasti mbok wedok langsung pasrah terserah sak karepmu yaaaah...

8. Njenengan pengen nyawang mbok wedok ayu to? Sekali2 ajak bojomu shoping  nang  pasar...
Tuku daster sepotong...
Tuku wedak sachetan...
Tuku bh lan cawet...
Mbik rexona sachetan...
Ojo malah mbok nggok mblanjakke wedok an liyo...
Ojo nganti selingkuh...
Dosa mbik gusti Allah ncen mbok songgo dewe...
Tapi opo njenengan ora isin mbik anak???

9. Nek bojomu kebacut nesu... Ojo mbok bales nesu... Ojo mbok cuekin... Ojo mok tinggal ngopi... Wong wedok kui nek mung trimo kon poso ngomong betah e puollll...
Senajano njenengan g salah tetep njaluk o maaf...
Ndang dipeluk, di ambung...
Mesti lak nesune langsung ilang...
 
Terimalah kenyataan" WONG WEDOK KUI SELALU BENAR GAK PERNAH SALAH"
Wes ngono waelah...
Maaf duuowooooo banget status e...
Semoga bermanfaat...
Sakinah mawadah warohmah itu mudah.
#sesungguhnyawanita itu selalu ingin dimanja.

Filosofi sluku sluku bathok

Hampir semua orang jawa kenal dengan lagu *SLUKU-SLUKU BATHOK* namun tidak banyak yg tahu makna dan filosofi dari lagu karya sunan kalijogo ini...

```Sluku-sluku bathok,
Bathoké éla-élo
Si Rama menyang Solo,
Oléh-oléhé payung mutho.
Mak jenthit lolo lo bah,
Yén mati ora obah
Yén obah medéni bocah,
Yen urip goléko dhuwit"```

*Sluku-sluku bathok:*
_Hidup tidak boleh dihabiskan hanya untuk bekerja. Waktunya istirahat ya istirahat, untuk menjaga jiwa dan raga agar selalu dalam kondisi seimbang. Bathok atau kepala kita perlu beristirahat untuk memaksimalkan kemampuannya._

*Bathoké éla élo  :*
_Dengan berdzikir *(éla-élo = Laa Ilaaha Ilallah)*, mengingat Allah, syaraf neuron di otak akan mengendur. Ingatlah Allah, dengan mengingat-Nya hati menjadi tentram._

*Si Rama menyang Solo:*
_*Siram (mandilah, bersucilah)* menyang (menuju) *Solo (Solat).* Lalu bersuci dan dirikanlah salat._

*Oléh-oléhé payung mutho :*
_Maka kita akan mendapatkan perlindungan (payung) dari Allah, Tuhan kita._

*Mak jenthit lolo lo bah :*
_Kematian itu datangnya tiba-tiba, tak ada yang tahu. Tak dapat diprediksi tak juga terkira. Tak bisa dimajukan atau dimundurkan walau sesaat._

*Wong mati ora obah :*
_Saat kematian datang, semua sudah terlambat. Kesempatan beramal hilang._

*Yen obah medéni bocah :*
_Banyak Jiwa Yang-Rindu Untuk-Kembali Pada-Allah ingin minta dihidupkan, tapi Allah tak mengizinkan. Jika mayat hidup lagi maka bentuknya pasti menakutkan dan madlaratnya tentu lebih besar._

*Yén urip goléko dhuwit :*
_Kesempatan untuk beramal hanya ada di saat sekarang (selagi mampu sekaligus ada waktu) bukan di nanti (ketidakmampuan dan hilangnya kesempatan), tempat beramal hanya di sini (Dunia) bukan di sana (Akherat), di sana bukan tempat beramal (bercocok tanam) tapi tempat berhasil (panen raya)._

Semoga bermanfaat

Www.duta-paytren.com

Bukti indonesia lebih maju dari eropa

Dalam sebuah pengajian di pondok pesantren ngawi, seorang jama'ah bertanya pada kiai.
“Jika kita melihat negara lain di luar, kelihatannya lebih maju dan lebih makmur daripada kita. Padahal tidak ada ulama dan mereka tidak menerapkan islam dalam kesehariannya. Bagaimana pandangan pak kyai tentang hal ini?”

Pak kyai balik bertanya, “Contone negoro sing luwih maju seko awake dewe ki sing endi?”
“Amerika pak kyai”
“Amerika sing luwih maju opone?”
Jama’ah pun tertawa semua.
Pak kyai melanjutkan, “Tak kandani yo, nang amerika kui kelas professor ki hp-ne nokia lawas. Wek dewe tukang batu wis duwe smartphone. Aku ra ngerti amerika kok arani luwih maju ki apane. Daya beli mereka rendah. Mereka gajinya besar tapi barang mahal. Nang kene ra duwe gaji wani rabi.

Indonesia daya belinya dahsyat. Nek ra percoyo njajal nang Singapura.
Nek ono toko sing blonjo wong Indonesia, regane diundakno. Nang mekkah, nang Vietnam, awake dewe blonjo mesti regane diundakke, soalnya mereka menganggap semua orang Indonesia kaya. Amerika apane sing luwih maju?

Nang jepang ra isoh wong biasa tuku motor. Nang kene modal 500 ewu motor diter-terke tekan ngomah.
Nang Jepang yo kowe angel golek konco ro tonggo, opo meneh nek kulitmu warnane bedo, nang kene sangger jeh apal Pancasila, kuwi koncomu kabeh, kuwi sedulurmu kabeh. Opone sing luwih maju?

Nang kene kowe ndelok liga inggris, liga spanyol, liga champion sakkarepmu. Nang inggris kowe kudu mbayar, malah ono sing inden ngasik telung sasi ming arep ndelok bal-balan. Ko ngono luwih maju?

Kowe nang Malaysia, nang Vietnam, nang Thailand, nginepo nang hotel po losmen. Jam rolas mbengi metuo, golekko mie rebus, golekko udud, golekko kopi. Ra ono, jam malam wis do tutup kabeh, ra oleh wong metu. Nang kene sak ayah2 ono wong dodol. Opone sing luwih maju?

Nang ngawi kene ono pirang macem panganan, ono pecel, tepo tahu, sego goreng, mie ayam, bakso. Pendak warung bedo. Panganane? Macem2, ngasik mumet ndasmu lek mikir. Nang Eropa kono, seko pucuk elor Norwegia tekan pucuk kidul Spanyol badogane podo. Ngono kuwi luwih maju?

Nang Chino, kowe gawe anak ming oleh siji thok. Punjul seko siji dicekel diinterogasi pemerintah. Nang kene omah jeh ngontrak pendak dino gawe anak. Ngendi negoro sing luwih maju?

Seluruh dunia, yang bisa mensyukuri keberadaan daun pisang ming wong Jowo. Godong gedang isoh dadi pincuk, taqin, dadi suru, dadi lontong, lemper. Di saat negara lain berlomba membuat produk bungkus makanan ramah lingkungan, wong Jowo wis ket jaman kuno lawu nggawe produk kuwi.

Aku nek pas dolan luar negeri rung tau nemoni biting. Onone ming staples. Loh mbok kiro biting ki gampang. Mbiyen butuh beratus tahun nggo nemokke biting. Saiki gampang ming geri niru. Ming seko biting we isoh dadi industry besar. Negoro ngendi sing luwih maju?

Awake dewe ki negoro sing paling disayang Gusti Allah, rasah minder. Kemajuan mereka hanya kemajuan semu.”

Hidup indonesia

Pitutur kagem sariyem

(obrolon santai tapi sarat makna)

Wengi iku kang Paijan lagi nuturi bojone sing gak tau mangan tembok'e lan dampare pesantren.
Paijan lan Sariyem...
Paijan: "Yem, tak kandani yo Yem...
tapi, awakmu ojo nesu lan ojo gumeter...ugi ojo kuciwo...!"
Sariyem; Iyo Kang.... aku arep dikandhani opo to...??
Paijan: Ngene yo Yem... Wong wadon iku kudune:

1. Dawaamul hayaa'i min zaujihaa (دوام الحياء من زوجها)
Langgeng anggone isin karo sing lanang, lha kowe... jaman mbiyen pas manten anyar isinan, malu-malu... nisbate kudu
ngentut ae diempet, isin karo aku,
lha saiki, isinmu wis ilang, saiki awakmu wis ilang roso isin'e, ngentut yo prat-pret prot pruuuutt sak gelem-gelem mu yeeem yeeem...!!

2. Wa Ghodl-dlu Thorfihaa Quddaamahu  (و غض طرفها قدامه)
Nang ngarepe wong lanang iku pantese ndingkluk, amrih nuduhno hormate...
lha awakmu...
di kandani malah ngajak duel karo mecicili aku...!

3. Wath-thoo'atu li amrihii   (والطاعة لأمره)
Nurut karo printahe wong lanang, kejobo printah sing nerak syare'at, kowe kudu anut, Yem...
lha awakmu, tak kongkon gawe kopi ae malah nyentak-nyentak aku...
cincing-cincing jarik, karo
muring-muring ngamuk ora ngurus piye perasaane aku, Yem...

4. Was sukuutu 'inda kalaamihii  (و السكوت عند كلامه)
Nek wong lanang lagi ngomong,
rungokno Yem...
OJO malah wong lanang ngucap sekecap rong kecap awakmu mbales puluhan kecap... Aku ngomong rung rampung awakmu nek mbales koyo suarane mercon pas wulan poso.

5. Wal qiyaamu 'inda Quduumihii wa khuruujihii  (والقيام عند قدومه و خروجه)
Nek wong lanang arep budal tindakan utowo lungo nyambut gawe, wong wadon kudu nganter tekan ngarep lawang salim ngesun tangan sinambi dada tangan, sinambi dongakno, umpamane sing lanang kundur, wong wadon kudu nyambut rawuhe wong lanang kanthi ajere rahi... lha awakmu...aku mangkat kerjo ora ngurus, aku teko kerjo, koe ya cuek...!!

6. Wa 'ardlu nafsihaa lahu 'inda irodatin naumi (و عرض نفسها له عند إرادة النوم)
Misale wong lanang arep nyare, melbu kamar, wong wadon kudune towo awakke...''badhé ngersakke gaya  nopo mas...?",  "Mnopo sampun Jamu Mas..??"
''lha awakmu...
tak jak turu bareng ae wegah, luwih mentingke nonton sinetron lan pesbukan....
Ngene aku ora garing kasih sayang tah piye jal Yem...?
.
7. Wa ta'ath-thuru (و تعطره)
Koe mbok tuku minyak wangi, wong wadon iku kudu gae wewangen, ben sing lanang semangat tur tambah dèmèn.

8. Wa ta'ahhuduha alfamma bil miski wath-thoibi(وتعهدها الفم بالمسك و الطيب)
Sikatan Yem...
koe tak sawang-sawang kok yo jarang sikatan untu...
syukur-syukur nganggo pengharum mulut ben aku tambah betah.

9. Wa dawaamuz ziinati bihadlrotihii wa tarkuhaa 'inda ghoibatihii( ودوام الزينة بحضرته وتركها عند غيبته)
Wong wadon iku kudu macak, nganggo pepaes menawane sing lanang nang omah, amrih nyenengke atine wong lanang, ninggal macak utowo pepaes menawane sing lanang ora nang umah, lha koe... aku nang umah malah nganggone ora genah karo rambute dawul-dawul koyo gendruwo mari lahiran... Pas arep budal arisan utowo kondangan nek macak moblong-moblong koyo ondel-ondel.

10. Watarkul khiyaanati lahu(وترك الخيانة له)
jo nyidrani tresnane wong lanang.......
lha kowe... angger ono "Bronis" malah caper....!, Eling Yem, anakmu wes selikur, Diluk maneh yo arep duwe putu...!!"

Sariyem banjur nangis........
ngerangkul awake kang Paijan.....
Ndadak Sariyem sadar lan nangis
sesenggukan karo sungkem nyuwun ngapuro.....marang kang Paijan.

Sebutan keluarga jawa

Ini urut2 an sampai ke 18
"TRAH JAWA"

Dalam Keluarga Jawa, biasanya anak menyebut orang tuanya dengan sebutan Bapak dan Ibu.
Orang tuanya Bapak dan ibu disebut  Eyang.            Orang tua Eyang disebut apa..?
Berikut adalah istilah untuk level keturunan (ke- bawah) dan level leluhur (ke atas) dalam Bahasa Jawa :
Urutan keatas. :
Moyang ke-18. Eyang Trah Tumerah
Moyang ke-17. Eyang Menya-menya
Moyang ke-16. Eyang Menyaman
Moyang ke-15. Eyang Ampleng
Moyang ke-14.  Eyang Cumpleng
Moyang ke-13. Eyang Giyeng
Moyang ke-12. Eyang Cendheng
Moyang ke-11. Eyang  Gropak Waton
Moyang ke-10. Eyang Galih Asem
Moyang ke-9.Eyang Debog Bosok
Moyang ke-8. Eyang Gropak Senthe
Moyang ke-7. Eyang Gantung Siwur
Moyang ke-6. Eyang Udheg-udheg
Moyang ke-5. Eyang Wareng
Moyang ke-4. Eyang Canggah
Moyang ke-3. Eyang Buyut
Moyang ke-2. Eyang dalam bahasa Indonesia disebut kakek dan nenek.
Moyang ke-1. Bapak / ibu
KITA <====
Urutan Kebawah. :
Keturunan ke-1. Anak
Keturunan ke-2. Putu, dalam bahasa Indonesia disebut “cucu”
Keturunan ke-3. Buyut, dalam bahasa Indonesia disebut “cicit”
Keturunan ke-4. Canggah
Keturunan ke-5. Wareng
Keturunan ke-6. Udhek-udhek
Keturunan ke-7. Gantung siwur
Keturunan ke-8. Gropak Senthe
Keturunan ke-9. Debog Bosok
Keturunan ke-10. Galih Asem
Keturunan ke-11. Gropak waton
Keturunan ke-12. Cendheng
Keturunan ke-13. Giyeng
Keturunan ke-14. Cumpleng
Keturunan ke-15. Ampleng
Keturunan ke-16. Menyaman
Keturunan ke-17. Menya-menya
Keturunan ke-18. Trah tumerah.
Silahkan disimpan saudara2ku ini peninggalan leluhur yg nyaris terlupakan..,

Anak lan bapak

Anak Bapak

Anak: pak yoopo carane nglebokno gajah nang njero kulkas ?
Bapak: yo gak iso le... Gajah kok dilebokbo kulkas.
Anak: luwalah. Bapak ku, rek... Ngunu ae gak iso..
Bapak : La, koen iso ta nglebokno gajah nang njero kulkas ? Yoopo..?.
Anak: yo Gampil, Pak. Carane, Gajahe dicekel.., lawang kulkase dibuka.., trus gajahe dilebokno. Tutup lawang kulkase. Wiss.
Bapak: ealahh. Sempal utekmu, Nak. Ngunu tok tah.. ?

Anak: Yo ngunu, carane nglebokno gajah nang kulkas. Maneh yo pak.. Saiki yoopo carane nglebokno sapi nang jero kulkas.. ??
Bapak: Bahahaha..
Badekanmu tak jawab ambek kayang, yo.. Gampang.. sapine dicekel, lawang kulkase dibuka, trus sapine langsung dilebokno, tutupp lawang kulkasee.. yo kann.. ???
Anak : Hahaha. Sampean atik kayang barang.. Salah, pakk. Gak isooo...
Bapak: Lohh... Kok gak iso ??
Anak: Iyo. Kan sik ono gajah nang jero kulkas. Dadi.. Kulkase dibuka, gajahe ditokno disek, nek wis.. sapine dicekel, dilebokno kulkas, trus ditutup.
Bapak: Eaalaaah. Nurut sopo kon Nak..

Anak: terusno yo pak.. Saiki, nek balapan mlayu, gajah mungsuh sapi, sopo sing tekan finish disek.. ???
Bapak: Yo sapiiiii.
Anak: oo, sampean njawab banterr, tapi salah.. Yo cepet gajah sing finish, Pak..
Bapak: Beghh... Kok iso le??
Anak: La sapine kan sik nang jero kulkas. Durung ditokno...
Bapak: Karepmu, Lee.
Anak: La kok mangkel. Ojo mangkelan taa.
Sepisan maneh pak..

Bapak: Ono maneh??
Anak: yoopo carane nimbang, supoyo Bapake Gajah karo Anake gajah, abote podo..??
Bapak: Kon ngarang ae.. Bapake gajah mesti luwih gede teko anakke.. Mesti bapake luwih gede, yo luwih abott..
Anak: yo ngunu nek waton njeplak, gak dipikir. Padahal gampang.
Bapak: yoopo ??
Anak: kari di photo ae.. Bapake gajah photo, anake gajah yo di photo.. Pas photo ukuran 4 x 6.. Trus ditimbang.. Podoooo..
Bapak: (garuk garuk cagak omah, gregeten)

Anak: Pak..
Bapak: opo
Anak : nek gajah karo sapi nglamar kerjo, sopo sing diterimo..??
Bapak: embuh.
Anak: Sampean tak kandani ae. sing diterimo kerjo Gajah, pak...
Bapak: Kok iso.. ??
Anak: Lamarane gajah lengkap ono pas photoe. Sapi gak ono photoe..
Pak?.. Pak... ? Bapak..

😀😀😀😀

Dino iku ono pitu

JARENE WONG JOWO DINO IKU ONO PITU

Dino iku ono 7 (pitu):
Maksudte PITU ugo bisa kanggo PITUTUR, PITUDUH, PITULUNGAN, PITUNGKAS, monggo sareng2 disimak nggih?

1. SENEN: tegese ojo boSEN marang uNEN²
(unen² Wong Jowo seng kang bisa kanggo tuntunan marang kauripan)

2. SELOSO: SElakno NGAMAL MARANG SOPO²
(wong ngamal iku ora pilih², ora pandang wonge sopo)

3. REBO: KEREPO SINAU BEN ORA BODHO
(mumpung isih urip ditlateni anggone luru ilmu, mergo ngaji iku penting, ojo sing penting ngaji)

4. KEMIS: LUWIH BECIK MINGKEM TINIMBANG LAMIS
(ojo podho ngumbar omongan kelawan wong liyo. Luwih² ngrasani tonggo)

5 JUMAT: JUMBUHNO LELAKON KARO KEKAREPAN / NIAT
(yen nduwe niat/cita² kudu usaha ikhtiar dungo supoyo kekarepanne biso kaleksanan)

6. SABTU: INSAP -PO MARANG BARANG SENG WES KEWETU
(sak bejo bejane wong ngedan, isih luwih bejo wong kang eling kelawan waspodho)

7. MINGGU: MINGGIRO BARANG SENG OLO, LAKONONO BARANG SENG RAHAYU
(sing apik ayo podho dilakoni)

Filosofi sluku sluku bathok

SLUKU-SLUKU BATHOK

"Sluku-sluku bathok,
Bathoke ela-elo
Si Rama menyang Solo,
Oleh-olehe payung mutho.
Mak jenthit lolo lo bah,
Yen mati ora obah
Yen obah medeni bocah,
Yen urip goleko dhuwit..."

Sluku-sluku bathok:
Hidup tidak boleh dihabiskan hanya untuk bekerja. Waktunya istirahat ya istirahat, untuk menjaga jiwa dan raga agar selalu dalam kondisi seimbang. Bathok (kepala) kita perlu beristirahat untuk memaksimalkan kemampuannya.
Bathoke ela-elo:
Dengan cara berzikir (ela-elo = Laa Ilaaha Ilallah), mengingat Allah akan mengendurkan
syaraf neuron di otak, Ingatlah, hanya dengan mengingat Allah, hati menjadi tentram.

Si Rama menyang Solo:
Siram (mandilah, bersuci)
menyang (menuju) Solo (Solat).
Lalu bersuci dan dirikanlah salat.

Oleh-olehe payung mutho:
Maka kita akan mendapatkan perlindungan (payung) dari Allah, Tuhan kita.

Mak jenthit lolo lo bah:
Kematian itu datangnya tiba-tiba, tak ada yang tahu. Tak bisa dimajukan atau dimundurkan
walau sesaat.

Wong mati ora obah:
Saat kematian datang, semua sudah terlambat. Kesempatan beramal hilang.

Yen obah medeni bocah:
Banyak yg ingin minta dihidupkan, tapi Allah tidak mengizinkan. Jika mayat hidup lagi maka bentuknya menakutkan dan mudharatnya akan lebih besar.

Yen urip goleko
dhuwit: Kesempatan terbaik untuk beramal adalah saat ini. Saat masih hidup.

17 parikan jowo lucu

1. Mangkat ngarit sangu arit, entute njerit kejepit silit #parikanjawa
2. nyruput blangwir ngrokok klobot, senajan njedhir tapi cemokot
3. Numpak Ninja ngangkut wedhus. Manis manja geleme wong bagus.. #parikanjawa
4. iwil cilik dulinan kayu, I will find someone like u #parikanjawa
5. Codhot mangan gedhang. Mung nyocot ora tumandang
6. Irung mancung, irunge londo. Yen mbok gantung, aku golek wong liyo
7. ngombe kopi nyekel rokok ; didemok pipi ngisore mekokok #parikansaru
8. Manuk perkutut, perkutut juara. Najan Jomblo akut, malem minggu tetep gembira. #parikanjomblo
9. tuku tahu digondol maling, malem minggu cuman ngekep guling. #parikanjomblo #jombloakut
10. mangan tahu acar segone sak wakul, snajan randuwe pacar tetep wae staycool #parikanjomblo
11. Beras ketan digawe klepon, eling mantan marai gagal move on #parikanjomblo
12. Arum-arume jamban, ora kaya arume melati. Saapik2e gombalan, krg romantis yen ora saka ati.
13. Lembur ra bayaran. Tiwas jujur malah kelangan.
14. Swarga nunut, neraka katut. Cangkem kecut njaluk udud
15. Empuk-empuke empal, yen nylilit dadi gudhal. Lambe kok kaya pedhal, ngawe njaluk dipancal
16. banyu laut banyu padasan, sak lunyu lunyune welut isih lunyu duit arisan
17. dodolan sego krawu nang gunung semeru, gunane mataku kuwi nggo nyawang sliramu

Ramalan joyoboyo

 
SERAT JOYOBOYO

mBesuk yen wis ono kreto tanpa jaran (mobil),
Tanah Jawa kalungan wesi (rel kereta api),
Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang (pesawat),

Kali ilang kedhunge,
Pasar ilang kumandhang'e,
Iku tondho yen tekane jaman Joyoboyo wis cedhak.
Bumi soyo suwe soyo mengkeret,
Sekilan bumi dipajeki,
 
Jaran doyan mangan sambel,
Wong wadon nganggo pakeyan lanang
Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking jaman.
Akeh janji ora ditetepi,
Akeh wong wani nglanggar sumpahe dhewe,
Menungso podho seneng nyalah,
Ora ngendahake hukum Alloh ,
Barang jahat diangkat-angkat,
Barang suci dibenci,
 
Akeh menungso mung ngutamakke dhuwit,
Lali kamanungsan,
Lali kabecikan,
Lali sanak lali kadang.
Akeh bopo lali anak,
Akeh anak wani nglawan ibu,
Nantang bopo,
Sedulur podho cidro,
Kulawargo podho curigo.
Konco dadi mungsuh.

Akeh menungso lali asale,
Ukuman Ratu ora adil.
Akeh wong pangkat sing jahat,
Akeh kelakuan sing ganjil,
 
Wong apik-apik podho kapencil,
Akeh wong nyambut gawe apik-apik podho ngroso isin,
Luwih utomo ngapusi,
Wegah nyambut gawe.
Kepingin urip mewah,
Ngumbar nafsu angkoro murko, nggedhekake duroko,
 
Wong bener thenger-thenger,
Wong salah malah bungah,
Wong apik ditampik-tampik,
Wong jahat munggah pangkat
Wong agung kasinggung,
Wong olo kapujo,
Wong wadon ilang kawirangane,
Wong lanang ilang kaprawirane

Akeh wong lanang ora duwe bojo,
Akeh wong wadon ora setyo marang bojone,
Akeh ibu podho ngedol anake,
Akeh wong wadon ngedol awake,
Akeh wong ijol2an bojone.
Wong wadon nunggang jaran,
Wong lanang linggih plangki,
 
Rondho seuang loro,
Prawan seaga lima,
Dhudho pincang laku sembilan uang.
Akeh wong ngedol elmu,
Akeh wong ngaku-aku,
Njobone putih njerone dhadhu,
Ngakune suci, nanging sucine palsu.

Akeh bujuk akeh lojo,
Akeh udan salah mongso,
Akeh prawan tuwo,
Akeh rondho nglairake anak,
Akeh jabang bayi lahir nggoleki bapak'e.

Agomo akeh sing nantang,
Prikamanungsan soyo ilang.
Omah suci dibenci,
Omah olo soyo dipujo.
Wong wadon lacur ing ngendi-endi,
Akeh laknat,
Akeh pengkhianat.
Anak mangan bapak,
Sedulur mangan sedulur.
Konco dadi mungsuh.
Guru disatru.
Tonggo podho curiga.
Kono-kene soyo angkoro murko.
Sing weruh kebubuhan,
Sing ora weruh ketutuh.
Mbesuk yen ono peperangan.
Teko soko wetan, kulon, kidul lan lor.
Akeh wong becik soyo sengsoro,
Wong jahat soyo seneng.
Wektu iku akeh dhandhang diunekake kuntul.
Wong salah dianggep bener.
Pengkhianat nikmat.
Durjono soyo sempurno.
Wong jahat munggah pangkat.
Wong lugu kebelenggu.
Wong mulyo dikunjoro.
Sing curang garang.
Sing jujur kojur.
Pedagang akeh sing keplarang.
Wong main akeh sing ndadi.
Akeh barang haram.
Akeh anak haram.
Wong wadon nglamar wong lanang.
Wong lanang ngasorake drajate dhewe.
Akeh barang-barang mlebu luang.
Akeh wong kaliren lan wudo.
Wong tuku ngglenik sing dodol.
Sing dodol akal okol.
Wong golek pangan koyo gabah diinteri.

Sing kebat kliwat.
Sing telah sambat.
Sing gedhe kesasar.
Sing cilik kepleset.
Sing anggak ketunggak.
Sing wedi mati.
Sing nekat mbrekat.
Sing jerih ketindhih.
Sing ngawur makmur.
Sing ngati-ati ngrintih.
Sing ngedan keduman.
Sing waras nggagas.

Wong tani ditaleni. Wong dora uro-uro.
Ratu ora netepi janji, musno panguwasane.
Bupati dadi rakyat. Wong cilik dadi priyayi.
Sing mendele dadi gedhe. Sing jujur ajur.
Akeh omah ing ndhuwur jaran.
Wong mangan wong.
Anak lali bapak.Wong tuwa lali tuwane.
Pedagang adol barang saya laris.
Bondhone soyo ludhes.
Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan.
Akeh wong nyekel bondho nanging uripe sengsoro.
Sing edan biso dandan.
Sing bengkong biso nggalang gedhong.

Wong waras lan adil uripe nggrantes lan kepencil.
Ono peperangan ing njero.
Timbul amarga para pangkat akeh sing salah tompo ...
Pitutur Jowo asli iki ojo dilalekno ...
Urip iku mung sedhelo ...
Mulo, pitutur iki sebarno marang poro konco ...!!
Matur Nuwun ...

Bahasa jawa itu lebih ringkas dari english

1. Walk slowly on the edge (side)of the road = MLIPIR

2. Falling backward and then hit own head = NGGEBLAK

3. Falling/tripping forward (and may hit own face) = KEJLUNGUP

4. Smearing one’s body with hot ointment or liquid and then massaging it = mBLONYOHI

5. Riding an old bicycle = NGONTHEL

6. Got hit by truck that is moving backward = KUNDURAN TRUK

7. Hot pyroclastic cloud rolling down a volcano = WEDHUS GEMBEL

8. A small,sharp thing embedded inside one’s skin = SUSUBEN/KETELUSUPEN

9. Thing getting out from a container accidentally because of gravity = mBROJOL

10. Get hit by thing collapsing on top of one’s head/body = KAMBRUKAN

11. Drinking straight from the bottle without using the glass,where whole bottletip gets into the mouth =NGOKOP

12. Difficult to open eyes because something is shining very bright = BLERENG

13. Hanging on tightly to something in order to be inert = GONDHELAN

14. Falling/tripping accidentally because of a hole = KEJEGLONG

15. Being over active carelessly = PECICILAN

16. Felling unwell because of cold temperature = KATISEN/KADEMEN

17. Releasing “wind” from the body thru a coin drawn acrossthe skin’s surface = KEROKAN

18. Finding by accident something good or useful without looking for it = NDILALAH

19. Expression or gesture due to a sudden appearance (of something)= MAK JEGAGIK/MAK BEDHUNDUK/UJUG -UJUG

20. Water come out from your mouth = NGECESS

21. A lot of water come out from your skin = GEMBROBYOS

22. Doing something with your finger = UTEK – UTEK

23. Have something between your teeth = SELILITAN

24. Accidentally poke your eyes = KECULEK… 

Filosofi angka jawa

Misal dalam bahasa Indonesia diucapkan dua puluh satu, dua puluh dua,…, dua puluh sembilan.
Dalam bahasa jawa tidak diberi nama rongpuluh siji, rongpuluh loro, dst; melainkan selikur, rolikur, …, songo likur. 

Di sini terdapat satuan LIKUR yang tidak lain merupakan kependekan dari LIngguh KURsi, artinya duduk di kursi.

Pada usia 21-29 itulah pada umumnya manusia mendapatkan “tempat duduknya”, pekerjaannya,
profesi yang akan ditekuni dalam kehidupannya; apakah sebagai pegawai, pedagang, seniman, penulis, dan lain sebagainya. Namun demikian ada penyimpangan di atas penyimpangan tadi.

Bilangan 25 tidak disebut sebagai limang likur, melainkan selawe. SELAWE singkatan dari SEneng-senenge LAnang lan WEdok. Puncak asmaranya laki-laki dan perempuan, yang ditandai oleh pernikahan. Maka pada usia tersebutlah pada umumnya orang menikah (dadi manten).

Bilangan selanjutnya sesuai dengan pola: telung puluh, telung puluh siji, telung puluh loro, dst. Tapi ada penyimpangan lagi nanti pada bilangan 50.

Setelah sepuluh, rongpuluh, telung puluh, patang puluh, mestinya limang puluh. Tapi 50 namanya menjadi seket. Pasti ada sesuatu di sini. SEKET dapat dipanjangkan menjadi SEneng KEthonan, suka memakai kethu/tutup kepala/topi/kopiah. Tanda Usia semakin lanjut, tutup kepala bisa utk nutup botak, atau rambut yg memutih. Di sisi lain bisa juga Kopiah atau tutup kepala melambangkan orang yang beribadah.

Pada usia 50 mestinya seseorang lebih memperhatikan ibadahnya. Setelah sejak umur likuran bekerja keras mencari kekayaan untuk kehidupan dunia, sekitar 25 tahun kemudian, yaitu pada usia 50 perbanyaklah ibadah, untuk bekal memasuki kehidupan akhirat. Dan kemudian masih ada satu bilangan lagi, yaitu 60,
yang namanya menyimpang dari pola, bukan enem puluh melainkan sewidak atau suwidak. SEWIDAK dapat dipanjangkan menjadi SEjatine WIs wayahe tinDAK. Artinya: sesungguhnya sudah saatnya pergi. Maka kalau usia kita sudah mencapai 60, lebih berhati-hatilah dan tentu saja semakin banyaklah bersyukur, karena usia selebihnya adalah bonus.

10 Filosofi Jawa Kanjeng Sunan Kalijaga

Berikut 10 Filosofi Jawa Kanjeng Sunan Kalijaga (bahasa jawa)

1. Urip Iku Urup
(Hidup itu Nyala, Hidup itu hendaknya memberi manfaat bagi orang lain disekitar kita, semakin besar manfaat yang bisa kita berikan tentu akan lebih baik)

2. Memayu Hayuning Bawono, Ambrasto dur Hangkoro
(Manusia hidup di dunia harus mengusahakan keselamatan, kebahagiaan dan kesejahteraan; serta memberantas sifat angkara murka, serakah dan tamak).

3. Suro Diro Joyo Jayaningrat, Lebur Dening Pangastuti
(segala sifat keras hati, picik, angkara murka, hanya bisa dikalahkan dgn sikap bijak, lembut hati dan sabar)

4. Ngluruk Tanpo Bolo, Menang Tanpo Ngasorake, Sekti Tanpo Aji-Aji, Sugih Tanpa Bondho
(Berjuang tanpa perlu membawa massa; Menang tanpa merendahkan atau mempermalukan; Berwibawa tanpa mengandalkan kekuatan; Kaya tanpa didasari kebendaan)

5. Datan Serik Lamun Ketaman, Datan Susah Lamun Kelangan
(Jangan gampang sakit hati manakala musibah menimpa diri; Jangan sedih manakala kehilangan sesuatu).

6. Ojo Gumunan, Ojo Getunan, ojo Kagetan, ojo Aleman
(Jangan mudah terheran-heran;
Jangan mudah menyesal; Jangan mudah terkejut-kejut; Jangan mudah kolokan atau manja).

7. Ojo Ketungkul Marang Kalungguhan, Kadonyan lan Kemareman
(Janganlah terobsesi atau terkungkung oleh keinginan untuk memperoleh kedudukan, kebendaan dan kepuasan duniawi).

8. Ojo Kuminter Mundak Keblinger, ojo Cidra Mundak Cilaka
(Jangan merasa paling pandai agar tidak salah arah; Jangan suka berbuat curang agar tidak celaka).

9. Ojo Milik Barang Kang Melok, Aja Mangro Mundak Kendo
(Jangan tergiur oleh hal-hal yang tampak mewah, cantik, indah; Jangan berfikir mendua agar tidak kendor niat dan kendor semangat).

10. Ojo Adigang, Adigung, Adiguno
(Jangan sok kuasa, sok besar, sok sakti)

comment