Responsive Banner design

Selamat datang

Bantu like bos...

Arsip Blog

Home » » 17 parikan jowo lucu

17 parikan jowo lucu

1. Mangkat ngarit sangu arit, entute njerit kejepit silit #parikanjawa
2. nyruput blangwir ngrokok klobot, senajan njedhir tapi cemokot
3. Numpak Ninja ngangkut wedhus. Manis manja geleme wong bagus.. #parikanjawa
4. iwil cilik dulinan kayu, I will find someone like u #parikanjawa
5. Codhot mangan gedhang. Mung nyocot ora tumandang
6. Irung mancung, irunge londo. Yen mbok gantung, aku golek wong liyo
7. ngombe kopi nyekel rokok ; didemok pipi ngisore mekokok #parikansaru
8. Manuk perkutut, perkutut juara. Najan Jomblo akut, malem minggu tetep gembira. #parikanjomblo
9. tuku tahu digondol maling, malem minggu cuman ngekep guling. #parikanjomblo #jombloakut
10. mangan tahu acar segone sak wakul, snajan randuwe pacar tetep wae staycool #parikanjomblo
11. Beras ketan digawe klepon, eling mantan marai gagal move on #parikanjomblo
12. Arum-arume jamban, ora kaya arume melati. Saapik2e gombalan, krg romantis yen ora saka ati.
13. Lembur ra bayaran. Tiwas jujur malah kelangan.
14. Swarga nunut, neraka katut. Cangkem kecut njaluk udud
15. Empuk-empuke empal, yen nylilit dadi gudhal. Lambe kok kaya pedhal, ngawe njaluk dipancal
16. banyu laut banyu padasan, sak lunyu lunyune welut isih lunyu duit arisan
17. dodolan sego krawu nang gunung semeru, gunane mataku kuwi nggo nyawang sliramu

0 comments:

Post a Comment

Note: only a member of this blog may post a comment.

comment